Wednesday, June 26, 2024

Cerdek Jawa Banten Muhammad Sukma | Wadon Angel

Cerdek Muhammad Sukma 



Sar’ah niku wong wadon sing ayu perawakane, ayu kepribadiane, lan pinter malih uwonge. Katah lanang sing demen, dados kembang sekolah waktos niku.


Sarip niku salah sios sing demen saking Sar’ah. Katah usahe lan lakone kangge pripun carane didemeni sereng Sar’ah, salah sios lakone ngge surat.


“Antuk kula mendet buku wong kono boten?” cepe Sarip.


“Ayun ngge napa”? cepe Sar’ah.


“Boten nape–nape, ayun ngimbali tugas wau,” cepe Sarip.


“Oh, nggih sih,” cepe Sar’ah.


Sesampune diisungi sereng Sar’ah, Sarip pura – pura ngimbali tugas puniku, atanapi Sarip dede ngimbali tugas, malahan nulis kata-kata kangge nyatakaken perasaane Ning Sar'ah. Kata-kata niku ditulis ning lembar akhir buku Sar’ah.


Semenjak mata kula ningali wong kono, terasa waktos niki bergerak elon pisan. Ambekan kula serasa sek-sekan, jantung kula deg-degane boten kekontrol. Sebenere kula boten bangkit ngomong meketen, anatapi semakin ditunda semakin boten ketahan. Dados kula bangkitaken ngomong, KULA DEMEN SERENG WONG KONO, ayun boten wong kono dados pacar kula?


Mekoten kata-kata sing ditulis Sarip saking buku Sar’ah.


Seminggu kemudian antuk balesan sing ditenggen-tenggeni sereng Sarip. Melalui buku Sarip sing dipendet sereng Sar’ah.


“Ampura sederenge Sarip. Kula dede boten ayun, anatapi kula seniki boten ayun pacaran krihin. Kaula ayun fokus belajar krihin, mudah-mudahan sarip ngertos sereng putusan sing kula embil.”


Sesampune balesan sing Sar’ah nyampe, ati Sarip serasa boten kepireng deg-degane. Ambekane serasa Senin-Kemis. Dunia niki serasa boten bergerak malih.


Tiap dinten, tiap minggu, Sarip boten napsu napa-napa. Dahar boten napsu, memengan geh boten antuk.


Tiap Dinten Sarip lakoni urip kelawan perasaan hambar. Walaupun katah baturane sing ayun nyoba ngehibur, dekane tetep boten terhibur.


Sarip galau.


“Kelipun Sar’ah boten antuk sereng kula, ape kula boten pinter? Apa perawakan kula kurang elok ditingali? Apa kula boten pantes kelawan dekane?”


Mekoten kata-kata sing wenten ning pikirane Sarip.


Akhire setahun sampun kelewat, Sarip lan Sar’ah sampun naik kelas rolas SMA.


Sarip ngewanikaken malih nyatakaken perasaan maring Sar’ah, anatapi carane beda sereng sing dilakoni tahun sengen, sarip nyatakaken perasaane secara langsung.


Sesampune nenggeni setahun, Sar’ah ayun dados pacare Sarip.


Sing waune sarip males-malesan belajar, sering bolos sekola, manjing sekola telat bae, satus wolung puluh derajat berubah. Dados rajin belajare, rajin manjing kelase, gelem ngerjakaken tugas-tugase, sekolah niku terasa indah. Bagi sarip waktos niku.


Sampe tiba waktos perpisahan sekole.


Tiba-tiba Sar’ah ngomong ayun ngakhiri hubungane.


“Sarip, ampura yah, kayane hubungan kita niki boten bangkit dilanjutaken,” cepe Sar’ah.


“Kelipun geh? Wenten napa?” cepe Sarip.


“Percuma diterusaken geh, soale kita terbentur kelawan jarak, mengkin komunikasi ne bakalan angel,” cepe Sar’ah.


Sarip boten bangkit ngomong napa-napa.


Sesampune Sar’ah ngomong mekoten, perasaan Sarip boten karuan.


“Kelipun geh pada saat bahagia acara perpisahan sekole, malah dados waktos perpisahan ngge kita, kite bener-bener demen kelawan deweke, malah dadose meketen, lara ati niki,” Sarip ngomong ning jero ati.


Seminggu kemudian Sarip kepetuk sereng batur pareke Sar’ah, dina kasihe.


“Rip, Sarip, ayun ngobrol sih, sibuk boten?” cepe Dina.


“Nggih sih, ayun ngobrol napa?” cepe Sarip.


“Wong kono boten di undang tah sereng sar’ah?” cepe Dina.


“Boten, wenten acara napa?” cepe Sarip.


“Aiih, Sar’ah kan lagi nikah,” cepe Dina.


“Hah?!" Sarip terkejut.


“Iya, cepene semenjak kelas sios sampun dijodohaken sereng wong tuane,” cepe Dina.


Sesampune ngobrol sereng Dina batur pareke Sar’ah, katah sing dipikiraken Sarip.


Sengen sewaktu Sar’ah nolak Sarip, ternyata Sar’ah niku sampun dijodohaken.


"Angel temen mahami wong wadon," cepe Sarip.


______


Penulis


Muhammad Sukma, guru SMP Al-Khairiyah Cilegon.


Kirim naskah

redaksingewiyak@gmail.com