Wednesday, July 3, 2024

Cendek Jawa Banten Umiyati | Telung Wengi ning Hotel

Cendek Umiyati



Wenten salah sios guru utusan saking sekolahan SMP Cilegon, ayun milet acare bimbingan teknis pengajar utama SMP, tempate ning hotel Serang, namine Ibu Lisa, guru niku uwonge wedosan. 


Persiapan kangge linggar ning hotel niku segale-gale dibaktani kados dedaharan cemilan, sepertos cokolatos, keripik dangder pedes, reroten lan dedaharan bocah alit sing namine Siip, niku dibakte sedanten.


Awal mula keberangkatan Ibu Lisa dianter sereng rayate sampe simpang, seterase di pesenaken mobil Maxim sampe hotel. Ibu Lisa ning perjalanan ngenda screenshoot bukti pembayaran ning Mamang Maxim.


“Mang, kule ayun ngende bukti pembayaran Maxim, bangkit boten?” cepe Bu Lisa.


"Bangkit Bu, tapi mengkin yah namun sampun nyampe,” cepe Mamang Maxim.


Seterase nyampe, HP Mamang Maxim malah lowbet lan mati


“Mang pundi bukti pembayarane.”


“Duh, ampurane Bu, HP kulane mati. Wau kulane nyetel lagu boten kelingan lamun baterene tinggal semit.”


“Oh, yowislah tak screenshoot dewek be.” 


“Enggih Bu, ampurane ya.”


Medal saking mobil Maxim, Ibu Lisa langsung ngisi registrasi ning lantai kalih sereng rencang-rencang sing laine. Ibu Lisa  diisungi uning nomor kamare niku sepuluh limalas, lan bahwa kuncine niku sampun di bakte sereng batur sekamare namine Ibu Lail. Ibu Lisa ngilari Ibu Lail tapi boten gegemboran. Naken ning bature sing lagi linggih ning bebancik jaba pinggir lawang, cepene lagi nenggeni mobil antar-jemput kamar. 


“Bu, punten, uning sing namine Ibu Lail, sing pundi niku ya?”


“Kule Ibu Lail, nomor kamar kule sepuluh limalas," cepe Ibu Lail.


“Aih pas amat Bu, sereng kule berarti sekamare, kule diisungi uning nomor kamare sepuluh limalas,” cepe Bu Lisa.


Semenjak niku, ibu guru kalih niku mulai kenalan ngobrol sampe manek mobil anter-jemput geh dedempetan. Nyampe adep kamar sing ngebuka niku Ibu Lail. Ibu Lail ngebuke lawang sampe ngeblak wayah magrib pisan, Ibu Lisa mulai ngerasa aneh hawa kamar niku kados sunyi lan ngedamel merinding. 


Ibu lail ngucapaken salam sembari ngelebet ning jero kamar “Assalamu’alaina wa’ala ibadillahissholihin.”


Disusul sereng Ibu Lisa “Assalamu’alaina wa’ala ibadillahissholihin.”


Seterase Ibu Lail langsung mendet banyu wudu kangge salat magrib.


Ibu Lisa nyusul wudu lan ngilari arah kiblat, rupane boten nemu arah kiblate.


“Wis sih ngadep ning endi bae, sing pentingmah ngadep ning gusti Allah,” cepe Ibu Lail.


Akhire Ibu Lisa ngadep tembok pinggir kasur, lan Ibu Lail ngadep tembok pinggir kasur sebelahe niku kamar adus. Saking atise Ibu Lail pengen pindah, mengkin namun salat malih ayun salat ning tempate Bu Lisa, ngenda tukeran soale atis jerehe.


Sesampune nerima materi ke sios, Ibu Lisa lan Ibu Lail mantuk ning kamar malih jam setengah sepuluh sipeng, nyampe adep kamar, kuncine di kantong sereng Ibu Lisa, pas dibuke boten bangkit kebuke lawange, lami boten bangkit manjing. Akhire ngenda tulung ning Mamang Supir.


“Mang ende tulung kule kih lawange boten bangkit kebuke,” Cepe Ibu Lail.


“Nggih sih Bu, pundi kuncine,” cepe Mamang Supir.


Seterase diisungilah kunci niku saking Ibu Lisa  ning Mamang Supir. pPinten-pinten balen dibukakaken sereng kunci niku tetep boten bangkit. 


“Biasanemah bangkit niki Bu, kadosemah niki keni radiasi HP niki, dados kartune niki boten bangkit ngebuka lawang. Niki kula bukakaken kerihin sereng kunci pribadi kule, mengkin di gantos sing baru nggih Bu.”


Akhire Ibu Lisa lan Ibu Lail manjing ning jero jam sepuluh sipeng. Seterase Ibu Lail pengen nonton tipi. Pas nyetel ning kamar, tipi ruang tamu tandang-tandang urip, Ibu Lisa langsung jelingkat sing wau lagi selonjoran.


“aAstagfirulloh Bu ... peripun niki galih tipi ruang tamu urip dewek.”


Ibu lail langsung jelingkat peparekan sereng Bu Lisa. 


“Nggih Bu, padahal remote masing-masing, wis Bu sareh saos yuk, sampun sipeng.”


Seterase Ibu Lail pengen nyiliki volume AC. 


“Bu Lisa, kule ciliki volume AC nggih.”


“Nggih sih Bu katuran,” cepe Bu Lisa.


Ibu lail akhire nyiliki volume AC sing waune selawe, dados telung puluh. Masing-masing ibu guru sampun ning tempat sareh lan ningali HP masing-masing. 


Wenten semenit volume AC balik malih ning angka selawe, Ibu Lail ngerasa atis kebina-bina, lan tetaken ning Ibu Lisa.


“Digedeni malih tah AC ne niku?”


Ibu lisa langsung jawab sembari ngerangkul Bu Lail, “Boten Bu, kulemah boten pernah nyekel remot AC”.


Sewengi niku suasana ning kamar sepuluh limalas nambah mencekam, guru kalih niku boten bangkit sareh, merem melek wong kalihan.


Seterase sekitaran jam siosan wenten suara ting nong... ting nong....


Guru kalih niku gegederan, masing-masing nyenyebut “Asyhadu alla ilaaha illallah wa asyahadu anna muhammadarrosulullah,”. 


Ibu lail boten bangkit sareh sampe subuh, antanapi Ibu Lisa turu-turu ayam.


Jam tengah enem bu lail tangi langsung mendet banyu wudu salat subuh. Disusul Ibu Lisa melayu-melayu pengen nguyuh. Sesampune nguyuh, Ibu Lisa ningali ning jero kloset, banyune warna ireng, langsung jejeritan nyeluk Bu Lail, “Bu, Ibu... niki banyu kloset ko warnane ireng.”


“Nggih tah? Wau kula ningalimah boten, maler warna bening.”


“Wedos amat yah Bu kulane,” cepe Bu Lisa.


“Wis sing inget bae ning gusti Allah, mugi-mugi Allah ngejage.”


Bengi sing terakhir niku bengi ke telu, tibe-tibe Bu lail ning ruang tamu, cepe bu lail “kadosemah tipi ruang tamu niki pengen disetel.”


“Nggih tah Bu?” cepe Bu Lisa.


Seterase Bu Lisa sereng Bu Lail nonton tipi, tibe-tibe foto golek ning tembok rigel, brug!


Langsung kaget ngegeder-geder ibu guru kalih niku. Akhire Ibu Lisa mutusaken foto golek niku dipendet lan dibuang ning jaba, ning tong sampah. Lan sesampune niku, bu guru kalih niku sesarehan ning kasur, tibe-tibe Bu Lail ningali foto golek niku sampun nempel malih ning tempate. Seterase Bu Lail sereng Bu Lisa ngebuang ning dalanan.


Sesampune niku ditutup lawange, seterase rawuh si Mamang Mobil Antar-jemput, “kedebeg… kedebeg… kedebeg ting nong-ting nong”. Bu Lisa lan Bu Lail medal keringet atis, saking wedine, kinten-kinten sinten sing mencet bel.


Wong kalihan ngewanikaken ngebuka lawang, ternyata niku Mamang Antar-jemput kamar, langsung lega ati guru kalih niku. 


“Bu punten foto golek niki napik dibuang nggih, niki sing derebe bos gede hotel niki, uwonge sampun ninggal.”


“Oh nggih ari kotenmah tak pasang malih,” cepe Bu Lisa lan Bu Lail.


Pas bebalik linggar saking tempat mamang niku langsung ngilang, ternyata mamang niku arwah bos gede hotel niku.


________


Penulis


Umiyati, S.Sy., guru SMP Uswatun Hasanah Cilegon.



Kirim naskah
redaksingewiyak@gmail.com