Wednesday, July 3, 2024

Puisi Jawa Banten | Ki Arjuna

Puisi Jawa Banten Ki Arjuna



Ketelimbeng


Wong enom tapi tua

Wong tua tapi enom

Ulese enom kelakuane tua

Ulese tua kelakuane enom


Rabi mateni laki

Laki mateni rabi

Wong tua ngebuang anak

Anak ngebuang wong tua


Sedulur ora akur

Sing akur dadi dulur

Waktu susah gelatine batur

Waktu senang turu ning kasur


Pekaya akeh dadi ukuran kemulyaan

Wong mesakat ora keopenan

Statusemah gegayaan

Nyatanemah lagi kepayahan


Wakeh wong sing ketelimbeng

Ora due duit jerehe paleng

Diajak ibadah ngakune durung seumpama

Ari maksiyat sedina-sedina.


Pipitan, Juli 2024



Nonggoni Malaikat Lewat


Ngejentul ora puguh

Wonge meneng atine mabur

Jerehe gelati inspirasi

Sing ngegantung ning lelangit sore


Gegodan sing hape seliwar seliwer

Ngeganggu pikiran sing pengen anteng

Atimeh pengen ora kegoda

Ari tanganmah reflek ngebuka 


Laju bareng inget iku gegodan 

Balik maning ngejaluk ning pengeran

Ngejajal lewih khusu karo rokok sebatang

Endah jol langsung dingean


Sing ditonggoni ora gelem teka

Sing dienteni laka gelagate

Ngegerunek dewek ning jero ati

Kapan malaikat nyamper ngean inspirasi


Pipitan, Juli 2024


______


Penulis


Ki Arjuna, pendidik saking Ponpes Darussalam Pipitan. 



Kirim naskah ke

redaksingewiyak@gmail.com