Wednesday, July 17, 2024

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab



Brokbok


Tengah wulan

Jejake ngobong menyan

Nambe ati ngarep wirang

Mace jampi -- melet rangde pirang


Tengah wulan si jake beruhun merang

Ngobong dami saking salang

Ngengace rai ning lembedang

Mirit rambut dadi lanang

Dumadi-kem  

Pati-lungguh Sri


Wong Lanang ngelindur 

Tengah wengi 

Cengar - cengir madep Etan 


Teritih 7 Muharam 1446H



Along


Mulih miyang 

Wong Empang ngangkat wuwu

Saking lawang banyu 

Sesipeng boten turu 


Mulih miyang 

Wong mancing masang teger 

Manjer walesan ning pojok rawe

Sesipeng boten turu


Mulih miyang

Wong laut manek bagan

Ngale iwak tengah laut

Sesipeng boten turu


Mulih miyang 

Wong pesisir nguace langit

Sesipeng boten turu

Badan kuru -- endas cemplu

Mangan angin -- gati ngentut

Along kok brut 


Teritih, 7 Muharam 1446H



Madep


Lumaku saking Etan 

Gegancangan ngudag bedug

Ngarah ingkang 

Nadah wirang 

Pepelayon ati ning jero Pati

Pati lemah -- Pati bumi

Patine lintang tanggal lanang 

ngambung lemah ngunduh jejeg

Nampi - nadah naktos lampah

Ngarah pajleg atawis kasrah 


Eeeeeeiiiii wong kang lali

Wong kang unjar-unjaran ming banyu kali

Waktos mulih sampun pedek 

Bedug magrib sampun rauh 

Waktose ngederes urung sepuh 


Teritih, 7 Muharam 1446 


Catatan:

Deres = ngederes layangan


________


Penulis


Oki Khaeri Rojab, salah siji jejake kasep saking Pontang. Demen kelayaban sambil gelati pengurip-urip pikiran. Geremasem lan apem Legon dadi pepanganan kedoyan. Masih bujang lan demen nandur kembang. Lagi belajar rajin nulis, salah siji lan embeke bise nulis puisi.


Kirim naskah 

redaksingewiyak@gmail.com