Wednesday, September 18, 2024

Puisi Jawa Banten | Oki Khaeri Rojab

Puisi Jawa Banten Oki Khaeri Rojab




Mulih


Woi!

Bocah-bocah ireng

Lelopot endut saking sabin

Mulih waktos tabuh megrib

Pepelayon ngudag pawon

Adar ider kebelinger

Melayu saking setan jarring


Teritih, 14 September 2024



Madep


Lumaku saking etan

Gegancangan ngudag bedug

Ngarah ingkang

Nadah wirang

Pepelayon ati ming jeroning pati

Pati lemah – pati bumi

Dados sari ning jero ati

Patine lintang tanggal lanang

Ngambung lemah ngunduh pasrah

Ngarah jejeg ati kang pajleg

Nampi – nadah naktu lampah

Meneng maring jumeneng

Jejeg-pajleg ming kang kasrah

.

Eeeeeiiii eling eling kang lali

Kang unjar-unjaran ming banyu kali

Waktos mulih sampun pedek

Bedug magrib sampun rauh

Pun waktose ngederes urung sepuh


Teritih, 7 Muharam 1446 H



Mulih 2


Akas waktose awak

Pun niki

Badan dados bebatang

Sikil den sindet

Tangan sedakep

Tengen ning sore

Kiwe ning duhur

Pepet sampun bebolongan

Waktose awak di deres

Pitung lapis putih dados bungkus

Pun niki waktose pupus

Ruh mulih

Awak dideres

Meneng jumeneng

Pepasten linggih


Teritih, 10 Robiul Awal 1446 H


________

Penulis


Oki Khaerul Rojab, lahir ning Singarajan, Pontang. Pemude sing doyan kawanan lan telat sarapan. Penikmat puisi lan segale kenang. Cita-citane pengen duwe empang lan kebonan kelape.

Instagram: @_k.rojab



Kirim tulisan

redaksingewiyak@gmail.com